Irfan khudzori SELAMAT DATANG DI BLOG KAMI TERIMAKASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA Irfan khudzori TUladha PANATACARA ADICARA sripah | Ingin Pintar

Friday, February 14, 2014

TUladha PANATACARA ADICARA sripah

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
                                      
<<<< MILIH TULADHA PAMBUKA >>>
Dhumateng panjenenganipun para sesepuh, pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Dhumateng panjenenganipun para pangarsaning RT / RW, ingkang satuhu dahat kinormatan, langkung-langkung panjenenganipun Bapa Dukuh Pedukuhan Ngringin, saha Bapa Lurah, Lurah Desa Condongcatur minongko pamomonging kawulo dasih ingkang dahat kinormatan.
Saha para rawuh, para lenggah ingkang satuhu dahat kinormatan.
Kepareng kulo sumelo atur wonten ngarso panjenengan sami, ha gempil wekdal saha ngirangii kamardikaning penggalih anggen panjenengan sami lelenggahan saha imbal pangandikan wontening adicara pangruktining layon suwargi Bapa/Ibu …………… ing ri kalenggahan puniko.
Wondene wosing gati kulo marak mangarso nuninggih awit awrat nuhoni dawuh timbalanipun para kluarga, kinen nderekaken lampahing adicara.
.
Ingkang meniko, mangga tansah kulo derekkaken  hangaturaken raos pujo puji syukur kito wonten ngarso dalem Gusti ingkang Maha Purboningrat, Gusti ingkang Maha Purboing Dumadi, nuninggih wonten ngarso dalem Allah SWT, injih karana agung barokah saha sih welasanipun ingkang tansah rumentah dhumateng panjenengan sedoyo dalasan kulo.
Ingkang salajengipun kulo tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sedoyo, nuninggih hambokbilih ing mangke wonten ceweting ukoro saha kisruhing parama sastro.
INNA LILLAAHI WA INNA ILAIHI RAJI’UUN
Sampun murut dhumateng kasedan jati panjenenganipun Bapa / Ibu …………..   awit saking lantaran nandhang yodi. Ingkang puniko saking keparengipun para kluarga badhe dipun wonteni tata upacara sak wetawis kados ingkang sampun lumampah.
Para rawuh saha para lenggah ingkang dahat kinormatan,
Kados sampun dumugi wahyaning mongsokolo laksitaning adicara, ingkang puniko keparengo kulo hangaturaken urut reroncening adicara.
Adicara ingkang ongko sepisan, nuninggih pambuko, ingkang samangke kalajengaken waosan pustoko suci al Qur’an minongko adicara ingkang ongko kaleh. Adicara ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo yuwono saking kluarga ingkang nandhang rudatin.
Adicara ingkang ongko sekawan nuninggih atur panglipur saking para pambelo sungkowo. Lan adicara ingkang ongko gangsal nuninggih adicara adat nuninggih susupan. Wondene minangka pugkasing adicara nuinggih hangkating layon saking wisma dhukito.
Para rawuh, mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinakit, rinanancang dening para kadang kalawangso.
Para rawuh saha para lenggah ingkang  dahat kinormatan,
Jumbuh kaliyan urut reroncening adicara ingkang ongko sepisan nuninggih pambuko, pramilo mangga tansah kulo derekaken maos do’a, nyuwun wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Wikan miturut agami saha kapitadosan kito piyambak-piyambak, lan nuwun sewu dhumateng Bapa dalah Ibu ingkang ngrasuk agami Islam mangga kulo derekaken kanthi maos basmalah. Ndedongo kawiwitan.
>>>> BISMILLAAHIRROHAANIRROHIIM <<<<
Matur nuwun. Sasono wicara salajengipun konjuk dhumateng raka mas ……………. Nuninggih ingkang sinaroyo hamaosaken pustoko suci al Qur’an.
 <<<< WAOSAN PUSTOKO SUCI AL QUR’AN>>>>
Shodaqalloohul ‘adziim. Saestu leres menopo ingkang dados firmanipun Allah, ingkang sampun cinandhi wontening pustoko suci al Qur’an.
Para rawuh, para pambelo sungkowo kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan,
Nadyan raosing manah panjenenganipun Bapa / Ibu ………   ing ri kalenggahan puniko nembe bebeg, puthek, saha bunek. Parandene keparenging sedyo badhe hangaturaken atur pambagyo yuwono. Injih karana bebeging manah ingkang mboten saged ginambaraken wontening mriki pramila menopo ingkang badhe dipun aturaken mboten kawiyos wijiling lesan namung kandhek wonten samadyaning jangga. Pramilo minangka talanging basa atur nuninggih Bapa ……………… ingkang meniko dhumateng panjenenganipun Bapa …………..  sasono wicara kulo aturaken, lan dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu ……………….  , kasuwun hanjampingi jumenengipun Bapa ………………  Nuwun.
Para rawuh, paripurno atur pambagyo harjo saking panjenenganipun Bapa/Ibu ……………. Ingkang tinalang basa atur panjenenganipun Bapa ……………  kanthi tata, titi, titis, wijang wijiling pangandikan sahinggo mboten wonten ingkang karempit.
Para pambelo sungkowo kakung sumawana putri ingkang dahat kinormatan,
Adicara ingkang ongko sekawan nuninggih atur panglipur saking para pambelo sungkowo, ingkang wonten ing titi wanci puniko kasuwun panjenenganipun Bapa………….. kepareng hamawikili sedoyo pambelo sungkowo saha pemerintah desa …………….  Dhumateng panjenenganipun Bapa ………….  Sasano wicara kulo aturaken.
Para rawuh, gunging panuwun ingkang tanpa pepindan saking para kluarga ingkang nandang rudatin dupi midangetaken atur panglipur saking para pambelo sungkowo ingkang dipun wakili saking panjenenganipun Bapa …………….
Mugi-mugi sedoyo wau saget mahanani dhumateng para kluarga ingkang nandang rudatin, satemah saged nindakaken kewajiban kados wingi uni.
Para pambelo sungkowo ingkang dahat kinormatan,
Adicara ingkang angka enem nuninggih adicara susupan. Ingkang meniko dhumateng para kadang mudho kasuwun nyamektakaken gendhogo punarpo wonten sangajenging wismo dhukito.
<<<< MERSANI SWASONO >>>>
Para pambelo sungkowo ingkang dahat kinormatan, gendhogo punarpo sampun kapanggul wonten sangajenging wismo dhukito, keparenging sedyo badhe nglampahi adicara susupan. Ingkang puniko dhumateg para kluarga kasumanggakaken.
Para pambelo sungkowo ingkang dahat kinormatan, paripurno adicara susupan kanthi wilujeng nir ing sambekolo.
Adicara ingkang angka pitu nuninggih hangkateng layon. Layon badhe kapethak saha kasarekaken wonten ing ……………, ingkang tebihipun kirang langkung ……….. meter. Ingkang meniko dhumateng para pambelo sungkowo kasuwun ndherekaken hangkateng layon dumugi …………………... Ewo semanten hambok bilih para pambelo sungkowo nggadahi pambengan ingkang langkung wigatos lan badhe ngersakaken kondur, saking kluarga ingkang nandhang dhukito namung saged ngaturaken gunging panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.
Para pambelo sungkowo ingkang dahat kinormatan,
Hangkating layon samangkeh badhe dipun pangarsani panjenenganipun Bapa raois nuninggih Bapa ………… Ingkang puniko kulo minangka ingkang ndherekaken lampahing adicara purwo, madyo, wasana, kathah kalepatan kulo tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sami. Ing wasana Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sasono wicara salajengipun konjuk dhumateng panjenenganipn Bapa Rois. Nuwun. 

0 komentar:

Post a Comment