Irfan khudzori SELAMAT DATANG DI BLOG KAMI TERIMAKASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA Irfan khudzori mc bahasa jawa | Ingin Pintar

Sunday, February 9, 2014

mc bahasa jawa



PROTOKOL ACORO YASIN LAN TAHLIL
Assalamualaikum Wr. Wb

Bismillahirahmanirahim  Alhamdulillahirabbil ‘alamin wabihi nasta’in waala umuriddunya waddin Wa’ala alihi wasohbihi ajma’in. Ama ba’ad

Ø Dumateng poro alim ulama, engkang kulo hormati
Ø Dumateng bapak ……………………… selaku shokhibul Baeit, engkang kulo hormati
Ø Poro Sesepuh soho Bapak Bapak Jama`ah, engkang kulo hormati
Ø Poro sederek pilenggah sami, engkang minulyo.

Sepindah monggo kita tansah ngatah-ngatahaken sukur dumateng Alloh SWT, dene menopo kita taksih keparingan hidayah saha inayah sehingga saget makempal wonten griyo mriki khanti sehat wal afiat. Mugi mugi kempal kita dalu meniko mbeto manfaat saha maslahah kagem gesang kita fi dunya wal akhirah
Kaping kalih, sholawat saha salam mugi tetap kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung muhammad SAW, engkang sampon mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah yakni  engkang kito raosaken sak meniko, lan mugi mugi kita termasuk golongan ipun tiyang-tiyang ingkang bejo nampi syafaat awet dunyo dumugi yaumul akhir mangke.
Bapak bapak jamaah yasin ingkang kawulo hormati, kulo sesuleh sangkeng sohibul baid ngaturaken matur suwun atas rawuh panjenengan minangka undanganipon bapak …….. mugi-mugi rawuh panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesahenan ingkang mbeto manfaat lan maslahat kagem kehidupan kita awet ndunyo ngantos akhirat mangke. Sak lajenginpun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah bilih mboten saget nyediakan palenggahan ingkang sekeco, utawi kirang gupuh anggen kulo nampi rawuh panjengan, lan mangke menawi wonten pasegahan ingkang kirang nuju prana dateng penggaling panjenengan sedaya, sepindah maleh kulo nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun.
Selajengipun ing mriki kulo, minongko pranoto acoro, sak derengipun acoro kawiwitan. Langkung rumiyen kulo waosaken susunan acoro ing dalu meniko. :
·   Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko
·   Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan surat yasin soho tahlil
·   Adicoro kaping tigo inggih meniko : Penutup
Mekaten kolo wau susunan acoro ing dalu meniko.
Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak sesarengan kanti waosan ummul qur`an, `Ala hadiniyah Bi Syafa`ati Rosullillah… Al-Fatikhah .
Shodkhallohuladhim.



Acoro selajengipun inggih meniko waosan SURAT YASIN SOHO TAHLIL sak cekap ipun DO`A. dumateng  ingkang kajibah Ngimami, wekdal sak cekapipun kulo semanggaaken.
Mekaten kolo wau waosan surat yasin soho tahlil ingkang sampun kito waos sareng sareng. Mugi-mugi kanti waosan kolo wau saget nambahi raos iman lan taqwa kito dumateng Alloh S.W.T .. Aamiin- Aamiin ya Robbal `Aalamiin.
Poro Bapak, Jama`ah yasin ingkang kulo hormati, acoro selajengipun inggih puniko, acoro PENUTUP. Sakderenge acara kulo tutup Saking kulo pribadi menawi wontan klenta klentu anggen kawulo matur, kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun. Monggo acoro ing dalu meniko kito tutup sareng-sareng kanti waosan Hamdallah…………


Akhiru kalam….. Wassallamu`alaikum Wr. Wb.



0 komentar:

Post a Comment